UNSUR KABASAN TEKS CRITA CERKAK

 UNSUR KABASAN TEKS CRITA CEKAK


A.Mangerteni struktur/ tata rakite teks crita cerkak

tata rakite teks crita cekak :

1. Orientasi ( pambuka )

    Nuduhake perangane teks crita ing awalan crita. Panulis ngenalake para paraga, panggonan, lan wayah ing sajrone crita cekak

2. Komplikasi 

     Perangan crita cekak kang nuduhake masalah kang diadhepi dening paraga utama. Diwiwiti saka  masalah cilik nganti masalah gedhe kang diarani klimaks

3. Resolusi 

     Perangan crita cekak kang nyiratakake cara ngatasi masalah ing perangan kasebut

 B. Ttitikane teks crita cekak

Crita cekak yaitu Crita kang ngambarake kedadean saka wiwitan nganti pungkasan crita cekak. Nyeritake gegambaring urip bebrayan kang ngandhut piwulang , piweling, lan pasemon. 

Titikane teks crita cekak yaiku:

         1. Ukarane Ringkes

         2. Awujud gancaran

         3. isine ngenani panguripan saben dina

         4. Isine kang padhet

Unsur intrinstik mujudake bab kang mangun  crita cekak saka jerone crita

Unsur Ekstrinstik mujudake bab kang mangun crita  cekak saka sajabane crita cekak

Unsur Intrinstik crita cekak :

1. Tema

  Pokoke crita

2. Paraga

  Pawongan kang ngambarake crita cekak

3. Pamaragan / penokohan

   pamarangan ngambarake watak saben paraga. Jinise paraga adhedhasar watak kaperang dadi telu yaiku:

a. Paraga Prontagonis
    Paraga kang nduweni watak becik 

b. Paraga Antagonis
     Paraga kang nduweni watak ala

c. Paraga Tritagonis
     Paraga kang nduweni watak Panengah ( penengah ) 


4. Latar /setting

        Papan panggonan kang nerangake kedadean ing crita kasebut

5. Alur / Plot 

          Adhedasar urutan waktu , Alur kaperang dadi 3 yaiku  :

            1. Alur Maju

           2. Alur Mundur

           3. Alur Campuran

6. Sudut Pandang

       yaiku cara panulisan kang nyeritakake kepriye kalungguhane pangripta ing sajrone cerita cekak

      Sudut pandang kaperang dadi loro , yaiku :

         1. Sudut Pandang Wong Kapisan

         2. Sudut Pandang  Wong Katelu

7. Amanat

     mujudake pesan utawa piwulang kang ditunjukake penulis marang pamaos


Mangerteni Jinise Crita Cekak

1. Crita Cekak Sejati 

        Ngandharake prakara kang kerep diprangguli ing masyarakat

2. Crita Cekak Roman Saculi

        Nyeritakake babagan Asmara

3. Crita Cekak Alaming Lelembut

       Cerita kang nyeritakake utawa disebut crita Misteri


UNSUR KABASAN TEKS CRITA CEKAK

1. Ukara Lamba ( Kalimat Tunggal )

     Ukara kang saka jejer siji lan wasesa siji. Uga ora ngunakake tembung Panggandheng 

2. Ukara Camboran ( Kalimat Majemuk )

    Ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih
    Ukara Camboran ana wujude ukara baku lan ukara wuwuhan
- Ukara Baku mujudake ukara kang diterangake

- Ukara Wuwuhan nuduhake ukara ssing dadi katrangan. 


TEMBUNG PANGGANDHENG / PANGIKET

Tembung panggandheng uatawa tembung pangiket yaiku tembung kang gunane kanggo ndawakake ukara utawa bisa kanggo nggandheng tembung utawa ukara

1. Saha lan Miwan

2. Nanging

3. Upama, saupama

4. Utawa

5. Nalika , kala , rikala

6. Sanajan

7. Amarga, sebab , Jalaran

8. Supaya, Amrih , Kareben

9. Yen , Menawa

10. Banjur, Nuli , Tumuli

11. Kamangka , Mangka , Yaiku

12. Saengga , mula , Akibate, wusanane


PESAN MORAL TEKS CRITA CEKAK 

Pesen Moral nuduhake bab - bab luhur kang bisa dijupuk utawa dituladhani sak teks crita cekak kang diandharake dening panulis.Saka pesen moral iku pamasos bisa nuladhani kabecikan - kabecikan kang tinemu ing sajrone teks lan ditrapake ing panguripan saben dina



Komentar